NGULINAKAKEN 4S WONTEN ING LINGKUNGAN SEKOLAH

By | 30 Desember 2022

Wonten ing lingkungan sekolah pembiasaan utawi ngulinakaken 4S migunani sanget tumrap siswa.. Perkawis ingkang punprangguli wonten ing sekolahan samenika, magepokan kaliyan subasita, tata krama saha unggah-ungguh siswa marang guru ketingalipun sangsaya pudar tebih saking pangangenipun kula pinangka panyerat ugi salah satunggaling dwija Basa Jawi wonten ing SMAN 1 Tawangsari tlatah Kabupaten Sukoharjo. Awit titi wanci samenika saestu taksih mrihatosaken sanget, para siswa minangka generasi enem nglirwakaken babagan 4S. Awit saking perkawis punika, tuwuh pitakenan ingkang kedah dipunpadosi wangsulanipun. Pitakenanipun “Kenging menapa perlu ngulinakaken 4S wonten ing lingkungan sekolah? Ananging saderenge kita rembag pitakenan kalawau, mboten wonten klentunipun umpami dipunjlentrehaken rumiyin menapa ingkang punwastani 4S.

Kawastan 4S jangkepipun inggih punika Senyum (mesem), Salam (sapa/aruh-aruh), Salim (jabat tangan), Santun (sopan). Pinangka wujud cerminan karakter saha etika para siswa marang guru ing lingkungan sekolah. Miturut pamanggihipun Wijayanti (2018) kedah dipuntindakaken patuladan saha pakulinan. Patuladhan salebeting migunakaken unggah-ungguh basa Jawi saged dipun cakaken salebeting wicantenan antawisipun guru saha antawisipun guru kaliyan siswa. Wondene pakulinan unggah-ungguh saged dipuntindakaken rikala piwucalan basa Jawi miwah salebeting kegiyatan sanesipun. Pratelan punika jumbuh kaliyan pamanggihipun Handayani saha Hangestiningsih (2018) bilih guru minangka patuladhanipun para siswa mliginipun salebeting pangecakan basa ingkang prayogi ingkang jumbuh kalih paugeran.

Adhedasar kajian literatur kalawau, supados para siswa punika kulinten ngecakaken 4S wonten ing lingkungan sekolah, guru kedah paring patuladhan marang siswanipun babagan 4S sinaosa mboten kanthi cara langsung. Saben dinten asring ngemutaken ugi nggretehi marang siswanipun. Ngemutaken marang siswa, umpami kepanggih kalih tiyang tansah sumeh, murah senyum, ampun kesupen salam utawi sapa utawi aruh-aruh kanthi ngucap sugeng enjing, sugeng siyang, sugeng sonten jumbuhaken wekdalipun utawi wayahipun. Wonten ngajeng saderenge mlebet gerbang  Bp/Ibu guru mapag siswanipun, semanten ugi siswanipun kepanggih kalih Bp/Ibu guru mboten kesupen salim kanthi nyium astanipun Bp/Ibu guru pratandha wujud raos kurmat marang gurunipun. Salajengipun ingkang dipunwastani Santun inggih punika lembah manah, sopan marang sinten kemawon saged nepakaken piyambakipun pinangka siswa wonten ing lingkungan sekolah langkung-langkung wonten ing masyarakat. Sedaya kawontenan ingkang dipunandharaken kalawau, dipunajab tansah ngrembaka lumampah kanthi sae, mliginipun dados pembiasaan saben dintenipun wonten ing lingkungan sekolah.

Magepokan kaliyan perkawis ingkang sampun kaandharaken saha adhedasar kajian literatur saged dipunpendet dudutan.  Panggulawentah salebetipun unggah-unggah basa Jawi ingkang trep lumantar saperangan metode kadosta patuladhan saha pakulinan. Awit saking punika Guru paring patuladhan lajeng para siswa dipungladhi supados ngulinakaken 4S wonten ing pundi kemawon, mliginipun wonten ing lingkungan sekolah.

Endang Wiyatni

Dwija Basa Jawi SMAN 1 Tawangsari Kabupaten Sukoharjo

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *